“Lah kiye kayane kiye gawean sing pas nggo inyong,” kaki Kampret mbatin
Ngesuke kaki Kampret marani nggon pendaftaran tentara. Mbarang gutul ngana kaki Daplun ketemu karo panitiane sing pangkate kapten. Jenenge Kapten Kemplu.
“Ana apa ya mbah?” Kapten Kemplu takon maring kaki Kampret.
“Apa bener nang kene ana pendaftaraan tentara, kiye inyong anu maca nang koran jere ana pandaftaran dadi tentara,” kaki Kampret semaur kambi nidokna iklan sing nang koran.
“Iya benar mbah, putune agepan ndaftar apa mbah?” Kapten Kemplu takon.
“Lah putuku esih cilik, sing arepan ndaftar inyong koh,” kaki Kampret semaur.
“Lah emange mbaeh umure pira deneng arepan ndaftar tentara,” Kapten Kemplu takon.
“Sewidak lima,” Kaki Kampret semaur.
“Mbah kiye anu pendaftaran prajurit, nek umur semono ya wis ketuwan, ora bisa diterima,” kapten Kemplu njelasna.
“Nek dadi prajurit umure inyong pancen wis ketuwan sepetil ya, tapi apa nang kene ora mbutuhna jendral..?” Kaki Kampret gole takon kaya ora duwe dosa.(*)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar